Kidhung Tresna Galuh Candrakirana
Kidhung Tresna Galuh Candrakirana
Prasasti paring carita
Sawijining lelakon labuh tresna
Kang kebak cuba rubeda
Antaraning Panjalu lan Jenggala
Ngoyak jejodhoan saking kang rama
Ngulati kahanan sakloroning wanita
Kasebut ing babat tanah Kadiri
Raden prakosa Inu Kertapati
Kayuyung dene sawijining putri
Gandhes luwes ayu sekar kedhaton
Kang abot nyangga paite asmoro lelakon
Kanthi kudu metu keplayon saka agunge kraton
Nyai ibu Dewi kilisuci
Menyang endi nggonku nggoleki
Mbrebes mili tangis luh kang putri Dewi Sekartaji
Ngliwati getas lan deres, iline banyu kali Brantas
Nyigar ketel lan wingite pertapan Selomangkleng
Nglabuhi Katresnan ati karepo gandheng temu renteng
Kakang Panji....kakang Panji
Dunungmu ana ngendi?
Tak liwati rina klawan wengi
Nganti anti tekamu kegawa wuyung
Ati tansah lewung
Melek netro amung nyawang wuwung
Rayi Galuh... wus cukupno anggonmu nguras luh,
Aku teka gawa gedhene asmara
Senajan takebak perih sakdawane dina
Lelaku nyelaki pesthine asma
Kanti ndhapuk liyan dadio katon sapadha padha
Raden Panji Asmoro Bangun tuwin Putri Galuh Candrakirana.
Lisse
Mbuh, lali dina lan wulane
2021
Komentar
Posting Komentar