Perawan Tuwek #3
~perawan Tuwek~
#3
Ngadhepne sore antarane jam papatan.
Trek bak kuning ketok lakune saka wetan. Bisa dititeni yen iku trek'e Sugiyoto Bogang. Bocah lanang sing isih bujang lan blater uga awehan.
Senajan umure wis ngancik wolu likur taun nanging sajake sugik Bogang kok durung ketok dhuweni gandhengan.
Sakjane praupane lumayan, rambute ngombak kulitane resik senajan rodok cendik.
Biasane sugik Bogang yen mulih ora tau suwe, paling mung nginep sewengi saperlu sambang wong tuane. Meh rong minggu pisan Sugik Bogang mampir omahe amerga jatah ngeterne dagangan teka Malang sing ditebas karo juragan pasar neng Kediri.
Momotane rena rena, manut usume panenan.
Apel, nanas, tela, kates, timun pokok apa jare juragane. Sugik Bogang saderma ngeterne.
"Horeeee....Pak Gik teka, horeeee.... Pak Gik teka," surake bocah cilik cilik yen weruh trek bak kuning diparkir neng pinggir dalan ngarep omahe wong tuane.
"Mengko dhisik, Pak Gik arep adus dhisik ya, kana nunggu neng teras kabeh ya," omongane Sugik nyang bocah bocah sing wes gembruduk ngenteni jatah.
"Nggih Pak Giiiiik," jawabe bocah bocah bareng kompak tanpa diaba.
Wes dadi pakulinan yen teka, Sugik Bogang mesti andum lan menehi duit selawe repes uga jajanan rentengan. Olehe tuku teka pasar menyang bocah cilik cilik anake tanggane sing ana limolasan cacahe.
Yen pas nepaki amot buwah biasane bocah bocah kui melu kecipratan.
Mangkane Sugik Bogang disenengi karo bocah bocah kui.
"Marai tuman, angger kowe teka mesthi pada gembruduk rene. Apa kowe kuwi paklik'e, kok kabeh padha njagakne," Mbak Maimunah mulai kumat mlekine.
"Halaaah Mun, gawe senenge cah cilik gek ya apa rugine? Semaure Sugiyoto sak penake merga wes apal karo watake adhike.
"Ooo...iya, aku maeng gawa kanca, tulung gawekne wedang ya, bocahe isih tuku rokok nyang warunge Sujan," imbuhe omongan Sugik karo mlaku menyang jedhing.
"Kula nuwuuuuun," krungu suarane wong celuluk ana lawang ngarep.
Teka pawon age age Mbak Maimunah mbukakne lawang.
Neng teras wis nglumpuk bocah cilik cilik sing ngenteni jatahe saka pak Gik Bogang.
"Mangga pinarak mas, sampean rencange Kang Sugik nggih?" Suarane Mbak Maimunah sajak kemlentheng meruhi dayohe.
"Inggih mbak, tepangaken kula Wahono saking Malang," saurane dayohe karo nyalami Mbak Maimunah.
"Kula Maimunah, rayine Kang Sugik," jawabe Mbak Maimunah kang ora ngrumangsani yen ujug ujug raine semburat abang.
Ora let suwe, Mbok Sarnem teka.
Kaya biasane Mbak Maimunah jranthal ngewangi njunjung rinjing lan blanjanane mbok'e.
"Lhooo ana dhayoh to, kok ora mbok gawekne wedang to Mun," suarane Mbok Sarnem ngaruh aruhi anake wedok.
"Sampun Mbok, kula ugi nembe mlebet. Tepangaken, kula Wahono rencangipun Bogang. Ehhh... Sugiyoto," semaure dayohe pringasan kamikisinan merga wis kulina nyeluk Bogang nyang Sugiyoto.
"Pancen padanane Bogang nak, kabeh wong sakdesa leh nyeluk ya Sugik Bogang," semaure Mbok Sarnem setengah kekelen.
"Iki ponakane juraganku Mbok, jarene pingin weruh kutha Kediri. Mangkane melu aku setor kluwih nyang Setono Betek trus tak jak mampir mulih," Sugiyoto nggenahne sapa kancane marang simbok'e.
Teka mburi Mbak Maimunah metu nyuguhne kopi karo jemblem nyang dayohe.
"Iki anakku wedok, isih dagangan nak," Mbok Sarnem celuluk nalika anake wedok menehi suguh.
"Wau sampun kenalan kok Mbok," jawabe Wahono karo nyumet rokoke.
"Sampean wes rabi apa isih bujang nak?" Pitakone Mbok Sarnem ujug ujug kaya sokor muni wae.
"Kui arep kon nggolekne bojo Mbok, mangkane nginthil aku nyangendi wae," celuluke Bogang teka latar sing bar ngandumi duit lan jajanan cah cilik cilik sing wes nunggu sak balane.
"Matur nuwun Pak Giiiiiiiiiiik," bengoke bocah bocah pinangka pamit atine bungah.
Krungu saurane kakange, yen Wahono arep golek bojo. Embuh kenek apa Mbak Maimunah mesam mesem dhahane deg degan semu kemepyar sak awake.
Ora ngerti guyon apa tenan omongane Sugiyoto kui sajake ndadekne adhike tratapan kepikiran.
Apa maneh Wahono pawakane oleh, dhuwur awake gothot tur irunge mbangir pisan.
Disawang teka sandhangane ketoke dudu Wong sing kangelan.
Waaaah, iki sing ndadekne atine Mbak Maimunah poyang payingan ra karuan.
Karo ngilo, lambene mencap mencep raine diirang iringne teka kiwa tengen semu mesem.
"Sida nginep kene ta No, yen sida mengko turu kamar mburi wae, luwih jembar tur isis hawane. Yen arep balik aja kesoren, soale bis Malang sing keri dhewe liwat bar Magrib."
Pitakone Sugik Bogang.
"Yen sesuk balik aku tak nginap kene wae gakpapa Gang," jawabe Wahono karo nyendok segane.
"Masakane sedhep Gang, cocok tenan iki. Wes suwe aku ora mangan jangan ontong lawuh pindang kaya iki." Wahono sajak marem karo olahan suguhane.
"Panganan ndesa ya ngene iki anane No. Pokok wareg turu bleg seg," semaure Sugiyoto sak kenane.
Bar mangan cah jaka loro kui bablas nyang mburi, ngopi lan gesah nyang omahe kakange ipe.
Minggu isuk, kaya adhate wong ndesa. Ora ana prei kaya pegawe negri. Mbah Dariman isih isuk umun umun wis budhal nyang sawah. Mbok Sarnem semono uga. Wis nyengklak dhokare Makdhe Surip kawet peteng bar subuh.
Sugik Bogang karo Wahono isih lagi padha sarapan. Sega pecel tumpang karo jenang kolak teka warunge Karsini Jebrak. Karan jebrak amerga rinjinge sing digawe wadhah sega nganti njebrak ora diganteni. Embuh pancen digawe kaya ngono, apa pancen eman tuku. Nyatane warunge laris kondhang enak tur murah leh ngedoli. Selawe repes wis oleh sega pecel pepak sak trasi dhelene sing ungkusane gedhene sak ndas maling.
Sak suwene cah loro sarapan, neng latar bocah cilik cilik wis nglumpuk ramene kaya pasar ngaleh.
Pancen wis dadi penggaotan yen arep balik nyang Malang, anggone Sugik Bogang muter trek'e dilakokne nganti tekan sendhang desa. Sumber sing banyune seger kang ana neng pucuking dalan desane.
Ketok kemliwere Sugik, bocah bocah kui padha celuluk.
"Paaaak Giiiiik...... Paaaak Giiiiik...budhal jam pira?" Pitakone bocah bocah.
"Sik, pak gik takngentekne rokok le, tunggu sedhilut ya," semaure Sugiyoto karo ndemek sirahe Santosa sak kancane.
Wahono nyawang karo mesem nggumun.
"Anakmu akehmen Gang," suarane karo nyruput wedang.
"Cah cilik cilik dijak muter mengko ditumpakne bak mburi senenge wis ora kaprah No," jawabe Bogang karo ngadek nyandak kuncine trek sing gemblethak ana ndhuwur meja.
"Marai tuman, angger kowe balik padha grudugkan arep melu numpak trek. Yen ana tibane bocah mengko kowe sing disalahne karo wong tuane," Mbak Maimunah cawe cawe omongan njuwehi kakange.
"Lha yahmono yahmene tau ana sing tiba apa Ora? Apa salah to yen gawe seneng atine bocah bocah?" Cekak semaure Sugiyoto karo ngluntrung ninggalne adhike sing pancen ora lumprah judhes lan juwehe.
"Yen arep melu pisan ora apa apa to dhik, melu numpak bak mburi pisan karo bocah cilik cilik ben rame." Ujug ujug Wahono njedhul tekan kamar mburi karo nyangklong tas'e.
Rasane kaya lele digedhik, saknalika Mbak Maimunah abang ireng raine.
Antarane isin lan getun merga wis ngetokne watak asline tanpa sengaja neng ngarepe bocah lanang sing nggudha pikiran lan atine.
"Ehhh...anu,.. anu Mas, sesuk mben wae yen balik maneh aku tak melu muter ngulon," jawabane Mbak Maimunah setengah kamikakon.
"Ayo No, sida melu nyang sendhang apa ora? Yen minggu ngene biasane rame. Sapa ngerti bejane awak malah entuk kenalan perawan ayu isa mbok gawa mulih nyang Malang."
Suarane Sugik Bogang teka teras mbengoki kancane sing gagah awake.
Dheeeeg....rasa atine Mbak Maimunah krungu celuluke kakange.
Apa ora weruh yen dheweke duweni rasa karo kancane?
Apa ora weruh yen suwengi utuh dheweke molak malik ora jenak turune?
Woalaaah...Gang Bogang, adhikmu iki nandang kasmaran. Jerit atine Mbak Maimunah kang mung bisa disimpen jero dhada.
Neng njaba, bareng lawang bak dibukak. Bocah bocah padha kating clingkrik menek golek nggon. Wes padha sangu anduk salin uga sarung. Amarga biasane karo Sugiyoto bocah bocah kui dijak lumban ana kedhung.
Trek disetater, bane mulai obah terus mlaku munyer saya banter.
"Horeeee....horeeeee, surake bocah cilik cilik ndesa padha bungah atine.
Terus Mbak Maimunah kepiye?
Tunggu neng cerita sakbanjure.
Nuwun🙏🙏🙏
Ana candhake
Lisse 04/01/2022
Komentar
Posting Komentar