Perawan Tuwek #4


 ~perawan Tuwek~

#4


Sakjeke Wagiyoto Bogang mulih ngejak Wahono dolan nyang Kediri, ndadekne atine Mbak Maimunah krasa seje.

Pancen dhasare cah prawan sing wis wayahe ngrabekne, ditambah maneh seprana seprene ora tau duwe kanca lanang sing dolan nyang omahe.

Mbuh merga Mbak Maimunah sing angel pilihane utawa pancen durung ana wong lanang sing gelem karo deweke.

"Matur suwun ya dik, wes dimasakne jangan lodeh ontong sing enak tur sedhep tenan," suarane Wahono ngajak salaman pinangka pamitan pisan.

"Iya mas, wis biasa kelan adang kanggo wong sak omah uga ngirim wong neng sawah," semaure Mbak Maimunah karo ndingkluk semu isin nyalami tangane Wahono.

"Mengko yen Bogang kirim Kediri lan yen aku pas nganggur takmampir maneh oleh to?" Pitakone Wahono karo nyengklak trek merga Sugik Bogang wes nyentater trek'e.


Yen kelingan kabeh kui ndadekne Mbak Maimunah mesam mesem dhewe.

Atine ngrembuyung sajak bungah. Sok sok yen momong Kenik sambi rengeng rengeng nyanyi dhewe. Teka pikirane ngrumangsani yen Wahono nduweni ati nyang deweke.

"Yen ora ngesir, ora bakal ngelem masakanku enak."

"Yen ora seneng, ora bakal tembung arep mampir melu nyang Kediri maneh."

"Berarti mas Wahono nduweni rasa seneng karo aku." 

Sambi glethakan, dewekan nglamun mesam mesem karo nyawang piyan.

Ora let suwe, lungguh ngilo ngedhep meja sing diwenehi kaca kanggo macak deweke.

Banjur ngadeg neng ngarep lemari uga sing ana kacane. Mirang miring matutne awake.

Rambute sing biasane dikuncit dadi siji njajal diore. 

"Waaah...rambutku jebul wes dowo tenan," gunem atine karo nyawangi rambut sing meh teka bangkek'an dawane.

"Kok kaya wong tuek wae yo, sesuk aku pingin potong rambut," angen angene Mbak Maimunah sak durunge bablas keturon karo nggawa bungahe atine.


Awan bedhuk ndrandhang sakwise nurokne Kenik, Mbak Maimunah nginthik ngetan mancal sepedah.

"Dikethok sepira iki dik," pitakone Jumilah sakwise ngramasi rambute Mbak Maimunah.

"Sembarang mbak, pokok ketok apik," semaure Mbak Maimunah.

"Eman eman jane rambutmu ketel tur subur lho dik, dipapaki wae yo?" Jumilah sajak melu eman yen ngethok rambute Mbak Maimunah.

"Lha sampean ki tukang potong kok ora gelem ngethok rambut ki piye to mbak?" Semaure Mbak Maimunah rodok atos.

"Ora ngono dik, rambutmu iki apik banget, ireng dawa tur ketel," Jumilah isih milang miling njungkasi rambute dhayohe.

"Lha wong rambutmu dhewe lho mbok potong cekak sakmono, kok arep ngeman rambute wong liya to mbak? Jane niat mbukak salon apa ora?" Mbak Maimunah mulai metu galake.

"Lhaah, yen aku iki merga ra kober open open rambut dik. Mangkane tak kethok ndeg ngene penak leh ngramasi," semaure Jumilah sing rambute pancen kawit biyen potongan lanang.

Sidane rambut sing maune meh sak bangkek'an saiki dadi cekak sak ndhuwur pundak.

Mbak Maimunah ketok marem karo rambute sing anyar.

Praupane ketok seje, tambah ketok seger ayu merga seprene mung ditaleni dadi siji.

Apa maneh sak durunge nyang salone Jumilah, Mbak Maimunah wis mampir tuku bando karo jepit rambut nyang tokone Bu Kariyono.Toko sing gedhe lan pepak dewe neng desane.


"Waaah, saiki anakku ketok ayu tenan,"Mbah Dariman ngelem karo mesem nyawang anake wedok sing atine lagi kebimbang.

"Mbokmu mengko mesti kaget uga pangling yen nyawang rambutmu Nduk," imbuhe maneh karo menakne leh nglinting mbakone.

"Pancen wedok yo ayu Pak, yen lanang mbok elem ayu kui sing kliru," semaure anake karo njagang sepedahe.

Mbah Dariman sing wis apal karo watake anake ora nyauri piya piye maneh.

Timbang dadi mala salin musuh salin tampa.


Wis sewulan mlaku. Kaping pindo Sugiyoto mulih dewe ora ngajak kancane. Senajan atine Mbak Maimunah kuciwa nanging ora diketokne.

Deweke weruh yen Wahono ora melu, ora merga salahe kakange.

Arep nakokne menyang kakange, rasane isih isin lan kegi. Emoh yen diarani wedokan ngethek gatelen.

Mangkane Mbak Maimunah pilih meneng ngempet dhewe, senajan ora karuan rasa atine.

Kamangka angger ngadhepne jemuwah sore wis kaya pitik dheplok alu polahe.

Gonta ganti sandhangan nganti ping pitu, ngila ngilo lumpraho nganti pecah kacane. Tapi nyatane sing dienteni ora ketok pucuk irunge.

Wahono bocah lanang gagah lan mbangir irunge bendina tansah ketok ana matane.


Kayadene dina iki, wes ngancik rong sasi Sugiyoto wayahe mulih maneh nyang Kediri.

Wiwit awan Mbak Maimunah wes eker masang tlale paribasane.

Polahe kaya kucing keroken, mlebu metu, ingak inguk ratan nyawang wetan.

"Nginguki sapa to Mun, kok ket maeng sajak ana sing dienteni," celuluke Kang Sukir karo nyinggeki jambu merga arep digawa nyang Surabaya. Nyambangi mbakyune ipe.

"Ora ngenteni sapa sapa Kang, Wong nduwe mripat mosok ora oleh digawe nyawang," semaure Mbak Maimunah jan empuk watu.

"Ya uwis yen ora ana sing dienteni," imbuhe Kang Sukir karo mesam mesem sajak weruh apa sing ditunggu karo adike ipe.


Merga kamikisinan karo kange ipe, Mbak Maimunah kanthi sledhot mlebu nyang omah.

Ulate saya peteng ora semrambah.

Nganti Mbok'e teka deweke ora pati ngreken.

Atine pegel lan rumangsa diece karo Kang Sukir. 

"Kok ayumen, arep buwuh to Mun?" Pitakone Yu Kariasih sajak nggumun.

"Ora kowe ora Kang Sukir kok padha juwehe, jane apa padha ra isa mingkem lambene to?" 

Yu Sih sing lagek mlebu pawon arep njaluk jangan katut disrandu pisan.

Mbakyune sing ora weruh jawane mung nyawang karo gedheg gedheg, nggumun karo jawapane adhike.


Thiiiin.....thiiin....thiiiin....teka njaba krungu suara trek'e Sugiyoto. 

Dheeeeg, atine Mbak Maimunah kaya kaya cepot teka dhadha.

Amarga senajan teka njero omah,sak klebatan ketok yen ana wong liya sing lungguh neng sisihe kakange.

Atine saya seneng ara karuan, polahe saknalika anteng kitiran.

Ngedhep kaca, mbenakne bando rambute. Mbalik nyang kaca lemari, mbenakne pita klambine. Nambahi wedhak pipine, nambahi lipen tipis neng lambene.

Trus lungguh neng pinggir amben karo kemepyar atine.


Neng latar suarane krungu rame. Bocah cilik-cilik sak ponakane, uga Mbah Dariman sak bojone ketambahan Yu Sih sak bojone.

"Kana...kana mlebu, gek ngombe karo mangan dhisik," suarane Mbok Sarnem kemlentheng kaya biasane.

"Kancane gek ndang dijak mlebu Gik, kae ana adhikmu neng kamare," imbuhe Mbok Sarnem karo ngelus elus rambute Kenik.

"Kula nuwun".... celuluke Sugiyoto ora kaya adhate.

Biasane yen teka bablas njujug jedhing trus isuh tangan lan sikile. Lha iki kok ndadak uluk salam barang.

Ana apa saktenane?


Jenggerat Mbak Maimunah metu saka kamare. Isih durung mari kemepyare atine ujug ujug Sugiyoto ngetokne suara.

"Iki adhikku sing ragil sing ayu dhewe. Jenenge Maimunah. Pinter masak lan resik resik omah."

"Ohh...iki to Mas, sing kerep sampean critakne. Iya...ayu tenan jebule. Kenalne dik, aku Sundari, bakal bojone mas Sugik," suarane dhayohe karo ngelungne tangane ngajak salaman.

"Oooo...iya mbak, aku Maemunah adhike Kang Sugik," jawabe Mbak Maimunah sing saknalika praupane kaya kembang kumis kucing kepidhak maling. Mingkup ndingkluk sak raine.

"Gawekne wedang ya Mun, aku tak adhus disik, kawet isuk rung adhus rasane pliket kabeh awakku." Karo bablas nyang jedhing Sugiyoto sik kober ngongkon adhike tanpa ngerti yen atine lagi remuk rempu kuciwa tanpa rupa.


Mungguhe Wong tua mesthi krasa apa sing dirasakne anake.

Yen anak seneng Wong tua uga melu seneng.

"Sundari iki guru TK neng Malang mbok, lehku kenal jane wis suwe. Merga deweke kui adhike juraganku lanang. Saking kerepe nyowang nyawang suwe suwe sayang," ndagel lan lucune Sugik gawe wong sakomah ngguyu kekel.

"Pethak pethuk suwe suwe gathuk," Mbah Dariman sing dhasare uga wong seneng guyon ndadekne sore iku saya rame saya regeng hawane.

Mangan bareng kaya adhate wong ndesa, guyonan karo ponakan ponakan sing padha aleman karo paklik'e.

Mbok Sarnem lan Mbah Dariman sajak sumringah atine, Sugiyoto meh ketemu jodhone.

Bocahe ayu, kalem, sabar ndelalah guru TK pisan. Cocok karo Sugiyoto sing pancen seneng karo bocah cilik.


Tapi, jenenge Wong tuwek. Mesti krasa apa sing dadi pikirane anake. Luweh maneh kaya Mbok Sarnem. Weruh praupane Maimunah sing langsung seje nalika weruh yen dhayohe dudu wong sing dikarepne.

Apa maneh nalika krungu yen Sugik lan Sundari pingin ndang rabi sakcepete. 

Tapi yen adhike wedok durung rabi, apa ya Ora ngesakne?

Apa maneh ana gugon tuhon yen adhik wedok diluncati rabi kakange bakal jeru jodhone.


Mari ngringkesi piring lan gelas sing bar digawe mangan karo wadah suguhan, Mbak Maimunah bablas mlebu nyang kamar.

Kuciwane ati ora bisa didhelikne senajan Sundari sing ora weruh jawane wis ngajak crita rana rene.

"Mbok, aku ngko bengi langsung balik Ora nginep kene." Suarane Sugik marang simbok'e.

"Lhaah, kok ora nginep kaya biasane to Le?" Pitakone mbok'e.

"Sesuk sore dijak juragan lanang kirim mbako nyang Madura mbok, yen balik sesuk isuk ngko gedandapan neng ndalan," Sugik nggenahne nyang Wong tuane.

"Le...kancamu kae sapa jenenge, sing tau mbok jak rene kae kok saiki wis ora tau melu kowe, apa lunga?" Pitakone Mbok Sarnem sing sajake yo nduwe karep pingin ngolehne karo anake.

"Sinten to mbok?" Sundari celuluk melu takok.

"Wahono, anake Budhe Gasri," semaure Sugik nggenahne nyang calon bojone sak durunge tekan ngendi ngendi pikirane.

"Lhaaah...kae tak jak ping pindo kirim nyang Setono Betek, malah kecanthol karo anake juragan brambang Nganjuk. Saiki yen melu aku nyang Kediri yo langsung mancep awor bakal maratuane neng pasar kana," semaure Sugik entheng tanpa weruh yen sing neng njero kamar jantunge sak getihe kaya kaya mandeg saknalika.


Terus kepiye nasipe Mbak Maimunah?

Tunggu ing cerita sakbanjure.

Nuwun.


Lisse

05/01/2022

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5