Perawan Tuwek #5
~Perawan Tuwek~
#5
Cekak cerita, sidane ora nganti nem sasi Sugiyoto karo Sundari kelakon rabi. Sakwise rabi kelorone manggon neng Malang, senajan isih nunut neng omahe maratuane.
Dhasare bocah ragil tur tunggale mung loro.
Itung itung karo ngrumati wong tuane Sundari sing ngunduri tuwa. Apa maneh wes suwe anggone kenal karo Sugiyoto. Senajan anak mantu kanggone maratuane wis kaya anake dewe.
Sregep nyambut gawe, blater, enthengan tangan sikile uga awehan marang sapa wae.
Pancen jodho lan rejeki ora bakal kliru dalane.
Rabi oleh telung sasi, Sundari meteng lan saiki anake wes umur karo tengah taun.
Kembar lanang wedok, dijengne Danar karo Denok.
Wes komplit tenan bungahe Sugik sak bojone, uga mertua lan wong tuane. Kala kala yen prei dijak sambang Mbahe nyang Kediri.
Seje Sugiyoto, seje Mbak Maimunah.
Sakjeke krungu yen Wahono arep lamaran karo Hartatik anake juragan brambang, atine saya remuk ora karuan.
Senajan ora tau semayan ora tau pacaran nanging Mbak Maimunah nduweni rasa katresnan sing rasane kaya keplok sisih tangan. Ora bakal muni !!!!
Kenengapa kok ora muni? Merga Wahono ora ngerteni lan uga ora duwe ati.
"Minggu ngajeng budhal saking Malang mbok, menawi Pak kaliyan mbok'e badhe tumut saget sareng pindah, ngken dipun ampiri," suarane Sundari karo ndulang kembar neng ngisor jambu sore iku.
"Ngko tak takon pakmu Sun, menawa Maimunah barang yo gelem melu pisan." Semaure Mbok Sarnem karo njungkasi rambute Denok.
"Mpun kula tawari, tapi piyambake mboten purun kok Mbok," jawabe Sundari.
"Pancen ya adhikmu kui cah angel Sun, mbuh piye kui kok dijak sembarang mbarang ora tandhang. Muga muga wae gek enek wong sing gelem nakokne." Mbok Sarnem ngalualah gesah karo mantune.
"Mugi mawon gek temu jodhone Mbok," semaure Sundari sing wis bolak balik nawani ipene dijak dolan utawa njajal golek gawean nyang Malang. Nanging ora tau digape.
Dadine ya kaya ngene, prawan ngancik umur selawe durung enek sing nakokne.
Embuh merga saking judhese.
Embuh merga saking kaku klakuane.
Embuh merga saking ketutupe watake.
Sing jelas, sedhulur lan wong tuane ora ngerteni apa sing dirasakne uga kepiye karepe.
Kemlengkeren jenenge!!!
"Sampean opo gak tau calang calang to Kang? Mosok batih sepirang pirang ora ana sing bujang?" Pitakone Sujan Warung nalika Kang Sukir mampir ngopi bengi kui.
Wes dadi penggaweane wong lanang neng ndesa, yen bar Isyak pada marung sambi ngopi gesah bareng rokokan.
"Halaaah, wes ora kurangan nggonku calang," semaure Kang Sukir.
"Mbah Dariman sawahe amba, sapine wedhuse sepirang pirang, sing ngrabi Maemunah bakale sugih kaya Demang," celuluke Karjono sangkuk sing ket maeng eker ngukuri sikile sing gudhiken.
"Mbok rabi opo piye to Kar?" Tawane Sujan sambi ngudek wedang pesenane Kang Sukir sing lagek teka.
"Ahhh...wegah lek, galake nungkuli pitik anak anak. Tiwas dhurung numpak wis didupak, dhurung nubruk wis dikabruk" semaure Karjono sangkuk karo ngguyu kekelen.
Saknalika warunge Sujan ramene kaya udan.
"Jan jane ki apa ora ana liyane to, angger rene sing diomongne kok mesti Maemunah wae," Makdhe Sidin budeg, teka teka ngresula merga tau disrandu Maemunah pas arep nebas pelem karo jambu.
"Mbok rabi dewe apa piye to Makdhe?" Kamto klowor sajak moyoki, merga ngerti kedadeane.
"Wegah Wor, tak penakne lehku nduda timbang rabi perawan nanging ora nduwe fuga," semaure Makdhe Sidin banter banget merga pancen budeg.
"Ojo banter banter Makdhe, ngko yen krungu wonge, sampean malah ditangsek pisan," Lek Parmin melu moyoki pisan.
"Yen ora ana sing gelem ngrabi, kene tak rabine dhewe. Sabar dik Maimunah...kang Surip teka nggawa tresna. Bar rabi langsung tak jak munggah kaji," ujug ujug Surip thrithil celulok saka pojokan warung.
Saknalika jegagakan kabeh guyune wong sak warung, krungu suarane Surip sing ket cilik kulinane kedhepe nrithil.
"Gek Maimunah apa ya gelem mbok rabi to Rip?" Sambunge Kang Sukir karo ngguyu kepingkel.
"Ora gelem gakpapa Kang, sing penting aku sregep ngewangi Mbah Dariman ngarit, nggaru ngluku neng sawahe, ngko suwe suwe lek dipek mantu," semaure Surip karo nggethu mangan tahu.
Embuh entek pira biasane munine mung telu.
Nanging Kang Sujan ora ngurus ngitung, anggepe pancen cah ora satus rodok gemblung.
Meh saben bengi warunge Sujan ora tau sepi.
Enek wae sing diomongne karo wong lanang lanang sing lagi ngopi.
"Kulanuwun..... kulanuwun," krungu suarane wong uluk salam teka lawang pawon.
Setengah njingkat Mbak Maimunah sing lagi masak kaget nganti ceblok suthile.
"Sepurane, ...sepurane dik, yen aku ngageti sampean," age age Mas Mukayat njaluk sepura.
"Kok ndengaren mas, ana petung karo bapak apa piye? Pitakone Mbak Maimunah nyang dhayohe.
"Ora dik, aku butuh karo Kang Sukir. Yen nganggur arep dijak borongan tebang neng sawahe Pak Kaji. Mangkane tak parani. Nanging lawange tutupan. Tak inguki kabeh kuncian." Jawabe Mas Mukayat.
"Kabeh lagi lunga nyang Nganjuk Mas, ngeterne lamaran dulure juragane Kang Sugik.
"Ooo... jolayak sepi, sampean kok ora melu lamaran dik, apa ya isih nunggu dilamar?" Semaure Mas Mukayat ngajak guyonan.
Saknalika praupane Mbak Maimunah abang ireng antarane isin karo mangkel.
"Tak gawekne wedang mas, menawa durung diwedangi karo pak Kaji." Tawane Mbak Maimunah nyang dhayohe tanpo nyauri pitakone.
Amarga kabeh wes weruh yen Mas Mukayat dhudha, ditinggal mati Mbak Sulikah merga lara setaun kepungkur.
Ditinggali anak lanang siji umur sepuluh taun. Sing saiki diopeni neng omahe Pak Kaji Dik Rokin pinangka mbahe teka turun ibune.
"Waaah...matur nuwun dik, kebeneran aku durung ngopi pisan. Isih isuk wes dioyak kon ndang budhal marani Kang Sukir. Ndelalah yen Ora jodho kok ya ora pethuk. Malah ketemu wong ayu, dikopeni pisan. Matur nuwun lho dik." Semaure Mas Mukayat karo mesam mesem.
Pancen dhasare santri ndesa wetonan pondok, unggah ungguh lan grapyake sak anane ora digawe gawe.
Krungu diuneni ayu rupane, ndadekne atine Mbak Maimunah mongkok mekrok kaya dhele dikum mbedhodhok.
Sarehne neng omah sepi ora ana uwong, sakwise ngentekne kopine Mas Mukayat pamitan.
"Paling bar Magrib kabeh wis tekan omah Mas, Ngko wae sampean mrene maneh." Suarane Mbak Maimunah sak dhurunge Mas Mukayat nyengklak sepedahe.
"Iya dik, ngko bar bar Magrib tak moro maneh, wis gek adange ndang ditutukne," saurane Mas Mukayat maneh.
"Jane ora galak yo ora nyrandu, tapi kenengapa kok pada ora ana sing gelem ngrabi?" Pitakone Mas Mukayat neng njero ati.
"Mugo mugo wae Dik Maemunah gek temu jodhone." Mas Mukayat isih ora kendhat leh ndungakne karo mancal sepedahe.
Ana candhake
Lisse
08/01/2022
Komentar
Posting Komentar