Perawan Tuwek


 ~Perawan Tuwek~

#2


Latar omah gedhong pinggir dalan wis ketok resik sumilak. Godhong jambu sing gogrog uga keceran suket pakan sapi sing dieker-eker pitik, olehe ngarit Sukirman bojone Kariasih wis ora ketok mata.

Yen ngadhepne jam papat sore, kaya wis dadi penggaotan  Mbak Maimunah mesti krengkat krengket nimba banyu sumur kanggo nyirami latar sakdurunge disaponi amprih ora bledug.

Biasane ora let suwe, simboke teka numpak dokare Makdhe Surip sing wis taunan dadi langganan.


"Iki buntelan apa mbok,kok  rapetmen leh naleni," pitakone Mbak Maimunah karo ngringkesi rinjinge Mbok Sarnem.

"Kui klambi kanggo Kenik, pas liwat tokone Cik Hwa tak sawang kok ketok apik men, mesti pantes yen digawe putuku," saurane Mbok Sarnem.

"Kok bolak-balik mbok tukokne klambi, suwal, sandal. Apa Yu Sih kayane kurang wae. gudang garem nggon duit nggon toko, yen kerep mbok tukokne marai tuman mbok." Gembremenge Mbak Maimunah sajak ora seneng yen mbok'e nguja putune.

"Jenenge mbah, yen nyawang apa wae mesti kelingan putune Mun," semaure Mbok Sarnem karo ngeler jarik lurik gendhongan neng sampiran.

"Ooo iya Mun, kuwi ana gembili sakbuntel, mengko cangkingen nyang mburi pisan. Kui senengane Sukirman," tambahe Simbok maneh.

"Lhaaah, nganti Kang sukir barang mbok jatah mbok? Wong lanang nganggur ngethekur kok bejamen uripe," rada gela Mbak Maimunah ngundat-undat mase ipe.

"Nganggur piye to nduk, sapa sing ngaritne pakan sapi sak bendinane yen ora Sukir?" Ujug-ujug Mbah Dariman celuluk teka lawang mburi, mulih teka gesah karo mantune.

"Ahhhh pancen ya isane mung ngarit, apa maneh sing arep dikerjani yen ora ngarit? Tujune kok Yu Kariasih nduwe Gudang Garem. Jathuko sak cindil abange melok nemplok dadi loloh lolohane Pak Mbok." Semaure Mbak Maimunah nylekit.

Mbah Dariman karo Mbok Sarnem sing wis apal karo watak anake ragil pilih meneng wae timbang nyauri omongane Mbak Maimunah.

Isa ndadekne geger nambahi perkara.


Pancen wis ameh setaun Mbak Maimunah nganggur neng omah sakwise rampung sekolah. Sakliyane nandangi gawean omah lan adang lumprahe cah perawan, pendhak isuk uga ngewangi momong Menik. Anake mbakyune sing isih umur patang taun.

Senajan watake judes, nanging yen wis nyawang Menik atine isa luluh.

Bocah cilik lemu sing pipine nyempluk mripate blalak blalak kui pancen lucu tur aleman yen karo bulike.

"Bulik Mun, aku nyuwun didhulang."

"Bulik Mun, aku nyuwun diiyami."

"Bulik Mun, aku nyuwun dikuncit rambute."

Apa wae tingarahe cah cilik kui mesti njaluk ditandangi bulike.

Katepakan omahe ngarep mburi , dadi kaya-kaya bumbon pawon banyu sakberase isih nyiduk daringane wong tuane.


"Jolayak aku ora oleh blajar paes, jebule mung arep didadekne buruhe Yu Sih karo Kang Sukir," suarane Mbak Maimunah ngudakara bengi iku sak durunge mapan turu.

"Kowe sing neng omah Nduk, apa salahe yen ewang-ewang dulure. Karo blajar adang, open-open bocah. Mengko yen kowe wis omah-omah dadine wis pinter lanyah," Mbah Dariman nyauri kelahe anake wedok karo dipenakne leh ngudud rokok mbakone.

"Takkongkon ndaptar neng gudang garem ben bareng karo mbakyumu kowe yo ora gelem, takwarai bakulan yo ora gelem. Terus bendina ngalualah ngelokne mbakyumu karo bojone." Suarane Mbok Sarnem rodok banter.

"Aku ora ngresula mbok, yahmono yahmene kok panggah dadi gawe, apa ora bisa ngadek dewe?" Suarane. Mbak Maimunah saya ndadi tekan ngendi-ngendi.


Antarane wis rolas taun Kariasih rabi karo Sukirman. Biyene Sukirman nyambut gawe dadi tukang parkir neng pasar. Merga kerep pethuk Kariasih sing melu mbok'e dodolan. Suwe-suwe nduweni rasa tresna banjur dirabekne pisan.

Sakwise rabi, Kariasih melu-melu tanggane nglamar kerja neng pabrik rokok Gudang Garam. Pabrik rokok sing paling gedhe neng Kediri. Ndelalah ketampa. Jaman semana sipat irung njungkel pokok gelem njajal mesti iso budhal.

Rabi oleh pitung wulan  terus meteng. Saiki anake  sing mbarep, Santosa  umur sepuluh taun, sing nomer loro Krismanto umur pitu lan ragile Menik isih umur patang taun.


Sakjeke duwe anak, Sukirman mandeg olehe dadi tukang parkir. Yen isuk neng omah adang karo ngopeni anake. Rodok awan yen mbah Dariman mulih teka sawah wes ana panganan neng omahe. Terus Sukirman budhal ngarit nggolekne pakan sapi. Anake dititipne maratuane.

Nalikane anake Kariasih isih siji, Mbak Maimunah isih umur sanga taun. Atine seneng nalika Santosa lair. Apa maneh isih manggon sak omah. Pendak bengi Mbak Maimunah cilik melu turu ndusel nengahi mbakyune karo ipene.


Laire mbak Maimunah pancen merga ora disengaja. Mangkane jarake rada adoh karo Sugiyoto. Menawa pancen wes rejekine senajan wes umur patang puluhan isih diparingi titipan teka sing kuasa.

Senajan ditinggali bakulan, cilikane Mbak Maimunah ora tau klendran kopenan. Amarga Kariasih, Maryatun wes perawan gedhe sing isa momong adike. Menawa pancen bocah ragil tur diuja sembarangane, paribasan njaluk apa wae bisa keturutan. Ndadekne watake seje dhewe.


Mbak Maimunah kawet cilik cugetan, yen nduwe barang ora oleh kesriwil senajan mung sakcuwil, yen duwe kekarepan kudu dituruti ora kena disemayani. Durung maneh tangane sing cengkre kerep nukari kanca sak pantarane.

Kayata, nalika Mbah Dariman panen kacang brol. Rendenge meh sak cikar munjung digawa mulih arep digawe pakan sapi.

Adate cah cilik-cilik ndesa, tanpa diaba padha teka arep ngasak leles kacang brol sing isih nyisa. Ana sing entuk setengah wakul uga ana sing mung setengah rantang. Biasane rendenge dipepe ana latarr sing jembar,   bocah bocah njeginggut anggone ngasak kacang senajan panase kenthang-kenthang.

"Heh, kana ngalih, aja mrithili kacange wong." 

Suarane Mbak Maimunah yen ana bocah leles neng latare.

Yen ana Mbah Dariman, biasane bocah-bocah kui malah dikongkon nglelesi nganti resik. Tapi yen konangan Mbak Maimunah bocah-bocah kui isa ditundhung gawe pecut sing biasa digawa Mbah Dariman yen arep nyang kali ngguyang sapine.

"Nduk...aja nakal, wong kacang dilelesi kancane kok ora entuk ki piye?" Aruhe mbah Dariman nyang anake.

"Marai tuman Pak, angger usum panenan padha nggragas kaya ra tau mangan,"  semaure Mbak Maimunah cilik ketara judhese.


Bener yen ana tembung "Yen watuk isa ditambani, tapi watak ora bisa didandani."

Kaya dene Mbak Maimunah, sing meh bendina gembremeng karo kobrak-kabruk peteng ulate. Ngundamana mbakyune, dulure ipe nganti tekan ponakane.

"Mangkane Pak, Mbok..yen nggawekne omah aja oleh mburi, karan anak mangku wong tuane. Direwangi budhal isuk mulihe sore, njajal apa nduwene Yu Sih karo Kang Sukir? Mung pinter gawe anak, ora genah ngopeni sembarangane," suarane Mbak Maimunah mulai gemberah dhewe.

"Nduk, sing ati-ati lehmu omong, yen krungu mbakyumu isa dadi padu." Semaure Mbah Dariman kalem.

"Krungu mbok ya ben, pancen nyatane sembarang diloloh teka kene. Apa pancen wis kadhung kulina dadi ora jegos ceker dhewe." Omongane Mbak Maimunah saya nylekit yen dirungokne.

"Mun, kowe ki apa ra eling? Biyen cilikanmu sapa sing ngemong yen mbok'e nyang pasar? Sapa sing ndulang, ngedusi, ngopeni? Rak ya mbakyumu loro karo ta? Kok saiki suaramu bendina kaya ngono, apa ora isin yen krungu tangga? Perkara dana weweh ki lumprah kanggone wong urip Nduk, aja maneh nyang anak dhewe, menehi wong liya wae aku Ora ana emane."  Suarane Mbok Sarnem cancut mbengok kegawa srenteg atine.

Yen wis kaya ngono kui biasane Mbak Maimunah wis meneng klakep banjur sledhot-sledhot mlebu nyang kamare.


Ana candhake


Lisse

02/10/2022

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5