Perawan Tuwek
~Perawan Tuwek~
Wis adate wong ndesa yen ana bocah wedok sing umure mancik rong puluhan nanging durung rabi, durung duwe bakal bojo utawa durung ana sing nakokne saperlu dilamar dadi bojone. Kaya- kaya dadi omongan kang bisa gawe isin lan wirange wong tuane.
Kenangapa kok anakku wedok durung payu?
Apa merga rupane ora pati ayu?
Apa merga tumindake kaku tur wagu?
Apa merga wong ora nduwe sing bakale mung ngaboti sanggane bakal bojone?
Nanging pitakonan kabeh kui ora dunung yen kanggone Mbak Maimunah. Wong tuane genah kalebu cukup. Sawahe jembar, sapine ana papat durung wedhus sing diopeni paron karo tangga-tanggane ora kitung cacahe. Omahe gedhong magrong-magrong tur latare jembar. Neng ngarepe ana wite jambu gelas loro, sing yen pas uwoh ketok abing -abing senajan ulere jaran sak driji-driji gedhene. Durung maneh kebonan mburi omahe sing ditanduri tela rambak, kasepe, kates uga ana wit klopo pitu sak pelem gadhunge.
Dhasare ya wong ndesa, sapa sing weweh bakale oleh. Sapa sing gelem njaluk bakale entuk. Ndelalah wong tuane Mbak Maimunah pancen yo awehan. Tangga teparo sak wayah-wayah isa melu ramban.
Mbah Dariman lan Mbok Sarnem nduweni anak papat. Kariasih sing mbarep wis rabi entuk tangga desa, lan manggon jejeran karo wong tuane.
Maryatun sing nomer loro uga wis rabi entuk Surabaya. Lan wis duwe omah sak manggone ana kana. Sing nomer telu lanang isih bujang. Jenenge Wagiyoto. Karan Giyoto Bogang merga untune sing tengah pancen bogang. Nyambut gawene dadi supir trek neng Malang.
Lha sing ragil iki sing rodok seje karo tunggale liyane.
Yen bocah telu kabeh kui nduweni sipat grapyak semanak kayadene wong tuane, tapi Mbak Maimunah ora nduweni.
Praupane mbresengut ora ana eseme, rambute ketel ngombak banyu sing bendinane dikuncit dadi siji neng mburi. Ngetokne bathuke sing nonong. Mulane karan Mbak Munah Banyak. Wis nonong kok ndelalahe mripate ngeleng pisan.
Kulitane kuning, pawakane ndeg rodok lemu tinimbang dulure liyane. Pancen ya bocah ragil mesthine kepama panganan teka wong tuane.
Sak liyane tani, mbok Sarnem uga nduweni bedag sak empyak neng pasar Ngaglik. Bakulan butuhan wedok, budhal isuk mulihe sore.
Sak tamate saka SMA swasta neng Kediri, mbak Maimunah ora nutukne sekolahe. Karepe pingin les potong rambut karo paes manten.
"Yen ora pingin nerusne sekolah, apa kowe gelem nerusne bakulane mbok'e neng pasar, langanan wis akeh. Pendak isuk kari ngladeni bakul janganan obrokan," tawane Mbok Sarnem nalika gesah karo anake.
"Ahhh...wegah mbok, ayu-ayu kok trima njunjungi bayem, kangkung klopo sak balane." Semaure Mbak Maimunah karo mbresengut. Pancen praupane dhasare ya ngono kui.
"Lha yen arep blajar maesi manten ki kudu ana turun lan japane lho nduk. Kaya Bu Mantri kae paes manten lawas turun teka ibune. Pancen keluwarga piyayi. Durung maneh rapalan dunga sing ora isa diwenehne wong liya kejaba turunane dhewe," Suarane Mbah Dariman menehi pituturan anake.
"Ahh...kok kaya arep dadi tukang netek borok wae ndadak ana dungane. Yen nuruti pikiran kuna, wong-wong sing padha les paes kae ora bakal payu yen bukak salon pak." Saurane Mbak Maimunah isih ngeyel sak penake.
"Maesi manten kudu ana rapalan dunga supaya mangklingi lan ketok mencorong ayu praupane." Imbuhe omongan saka bapake.
"Ahh...dunga apa, nyatane mantene lek Sukesi kae kok ya malah ayu asline," mbak Maimunah isih golek alasan.
"Kae ngono seje, kae manten wedok "thowoken" merga melu ewuh turut pawon," semaure Mbok Sarnem sing kawit maeng njeginggut nglempiti jarike.
"Alaaah, wis mbuh pak, mbok... Yen ora oleh blajar maesi aku tak neng omah wae dadi buruh momong anake Yu Kariasih," semaure Mbak Maimunah karo ngluntrung mlebu nyang kamare.
"Yen pancen wis dadi karepe, mbok ben wae to pakmu, wong nuruti karepe anak ki ora ana salahe to?" Suarane Mbok Sarnem semu kemba.
"Bocah perawan, yen saba kutha mengko patrape isa maleh bubrah mbokmu, kae contone,..anake Pariadi saiki gaweane clana cekak klambi potholan digoncengi lanangan," semaure Mbah Dariman menehi tuladha.
"Ya seje to pakmu, Maimunah aja mbok padakne karo Jumilah, yen kae pancen bocah owah ora genah." Mbok Sarnem menehi alasan.
"Mbuh piye-piye, aku ora ngolehi yen anakku ragil arep turut kutha mung mburu pingin dadi paes manten." Genah cuthel mbah Dariman ora ngolehi anake wedok dadi paes.
Neng kamare, mbak Maimunah mureb krekeb karo segak seguk ngebrolne tangise. Atine gela merga kekarepane ora disetujoni karo wong tuane.
Karepe yen isa nduweni kapinteran motong rambut lan paes, dheweke pingin mbukak salon neng ngarep omahe.
Latar jembar, manggon pinggir dalan pisan.
Saking pegel lan kuciwane atine, olehe nangis mureb nganti ket
uron.
Ana candhake
Lisse
01/01/2022
Sae sanget๐๐๐
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapus