Perawan Tuwek#6


 ~Perawan Tuwek~

#6


Persis bar Magrib Mbah Dariman sak keluwarga wes tekan omah tenan. Ana rong Colt sing melu mampir nyang Kediri. Jebule Wahono sak wong tuane uga pingin mampir pisan. Mumpung neng Kediri dadi loro loro gawe antarane lamaran karo sambang.

Colt sing ngarep disupiri dewe karo Sugiyoto sak keluwargane, sing mburi disupiri Wahono kanggo wong tuane sak Pak Suwondo lan Bu Tumik pinangka Paklik sing ora liya uga juragane Sugik Bogang neng Malang.


"Lhoooh, jebule duwe adik wedok to Gang, ngono kok ya ora tau crita. Ngerti ngono takpek mantu dewe nduk," celuluke Budhe Gasri sing ora liya uga ibune Wahono.

Mbak Maimunah sing suguh wedang mung ndingkluk mesem antarane isin karo nggondhok atine.

Wong biyen tresnane ora digape karo anake lanang.

"Lhaah,.. wong Wahono kesesa nyanthol yogane juragan brambang ngaten lho Budhe," semaure Sugiyoto karo nglecis nyedhot rokoke.

"Wong suguh ki neng ndi ndi nggon ndingkluk kaya si gendhuk iki No, lha bakal bojomu kae maeng nyuguhne wedang kok ngadek ngacrus kaya lanjaran kacang,"om suarane Budhe Gasri ketoke kok nduweni gela karo bakal mantune.

"Halaaah Buk, wong perkara ora ndingkluk wae kok mbok gedhek gedhekne," semaure Pak Rosadi.

"Wong lamaran kui padha karo nontoni Pak, wong yahmono yahmene anakmu yo ra tau ngajak Hartatik dolan nyang Malang. Upama wes tau weruh sakdurunge kan ketok piye piye prigele," Budhe Gasri sing dhasare pancen rodok angel ladenane ketok ora bisa ngempet gelane.

Wahono sing rumangsa disalahne karo ibune mung meneng wae antarane isin karo gregeten karo ibune.

Kok ora kanten yen arep nyeneni apa ngundrengi deweke.

"Niki wonten jambu angsale ngunduh gendhuk siang wau, mangke dibeta pindah Bu," suarane Mbok Sarnem karo ngindhit jambu sing abang abang ketok seger sak tompo munjung.

"Walaaah...kok malah ngunduh jambune wong Kediri tenan iki sidane," jawabe Budhe Gasri karo mesam mesem.

"Mpun ngrepoti lho Mbok," imbuhe Pak Rosadi kato nyruput kopine.

"Laaah...ngrepoti napa to Pak, wong wohe kathah nggembel sedanten." Saurane Mbah Dariman.

"Ora nyeja ngundhuh jambune mbok menawa malah isa ngundhuh perawane pisan," suarane Budhe Gasri gawe atine dhayoh liyane rodok isin tenan.

"Wong nembe lamaran ngoten lho," Mbok Sarnem nengahi supaya tamune ora saya teka ngendi ngendi.

"Tasih lamaran, dereng singsetan, inggih to Pak? Jawabe Budhe Gasri karo mbenakne gelungan rambute.

"Duka Bu, kula tiyang sepuh kantun nuruti karepe bocah," semaure Mbah Dariman isih durung paham karo pikirane ibune Wahono.

Mbak Maemunah sing isih eker neng pawon ngirisi jadah adate wong lamaran mung meneng wae ra pingin melu melu candak cemawe omongane dhayohe.

Amerga asline atine wes gela karo Wahono.

Lan uga sakwise ketemu mas Mukayat isuk maeng kok atine rasane adhem tur ayem.


"Kulonuwun.... kulonuwun," teka emper ujug ujug ana suarane wong uluk salam.

"Mangga...mangga pinarak," semaure Mbah Dariman nyang wong lanang sing jebule Mas Mukayat.

"Waaah...wonten tamu to, nyuwun sewu Mbah. Angsal kula mriki wau badhe wonten perlu kalian Kang Surip. Kula inguk teng wingking kok taksih tutupan lawange." Mas Mukayat nggenahne karepe.

"Iyo le, iki lagek wae mlebu omah, mulih teka Nganjuk ngeterne lamaran," jawabe mbah Dariman.

"Inggih Mbah, enjing wau kula mpun mriki, panggih kaliyan Dik Munah. Kula mpun disanjangi. Malah didamelne kopi pindah," jawabe Mas Mukayat munduk munduk ngetokne yen pancen wong duwe unggah ungguh kepantesan.

"Nyang mburi wae Mas, pisan leh omong omongan petungan ben genah," Kang Sukir ngajak dhayohe mulih nyang omahe.

" Kula tak teng wingking rumiyin Mbah, mangga sedaya," pamite Mas Mukayat sopan tenan.

"Iki ana jadah bageane wong lamaran, sakcuwil sakcuwil pokok rata ben melu ketularan ndang oleh jodho maneh," teka mburi Mbok Sarnem age age mara ngelungne jadah sing dibuntel godhong gedhang.

"Waaah.... Alhamdulillah, angsal rejeki, matur nuwun Mbok," jawabe Mas Mukayat karo nampani jadah.

Sak cleraman mripate Budhe Gasri rodok ra penak nyawang Mas Mukayat nalika krungu suarane Mbok Sarnem.

Ben melu ketularan ndang oleh jodho maneh?

Berarti dhudha?

Walaaah....aja aja arep nduwe gantha karo Maimunah. Pikirane Budhe Gasri mulai ora genah, ketok yen watake uga ora patek semrambah.


Awan bedhuk ndrandhang, Kenik sing mulih dolanan karo kancane mulih karo membik membik mripate.

"Nyapo kok kudu nangis nduk, tukaran karo Gembrot ya?" Pitakone bulike.

"Aku diloklokne gembrot karo Gendhon bulik, jarene aku cugetan pancen cocok ponake prawan poel Munah Banyak," wadule Kenik karo iluhe sing mulai dleweran.

"Lha nyapo kok kowe diloklokne, bariki tak paranane bocahe," pitakone bulike karo getem getem abang ireng raine.

"Jarene emake gembrot sampean cethil, diutangi beras ora mbok wei, dijaluki janganan ora mbok sauri. Terus aku pas dolan diloklokne jarene ponakane setan. Gembrot karo Gendhon tak sawuri lemah trus tak tinggal mlayu. Aku digodhak ganti dikethak ndasku,"semaure Kenik sing pancen aleman karo bulike.

"Ora usah nglabrak nuruti omongane bocah, ndak dadi perkara dadi padu. Mengko sing tuwek isih pegel bocahe wes awor," tuturane Kang Sukir sing lagek teka mulih tebang tebu karo nyendekne sepedahe.


Bengi kui Mbak Maimunah ora bisa turu. Ketoke apa sing dadi wadulane Kenik mulai ngganggu pikirane.

"Perawan poel, padha karo perawan tuwek."

"Munah Banyak, padanan Banyak kui biasane alok aloke kanggo wong nonong. Mbuh guyonan mbuh tenanan. 

Milang miling Mbak Maimunah ngaca nyawangi raine. Rambute sing wes oleh sak ngisor pundak diora ore. Rambut sing biasa mung dikuncit siji mulai disilakne. Dijajal dititipne bathuke. Menawa isa nutupi nononge.

"Dik, sampean bocah prigel open open bocah, muga muga ndang omah omah dewe."

"Dik, kopine sedhep mantep, jarene Kang Sukir sing nggoreng sampean dhewe."

"Dik, wingi jambune tak wenehne Rohmat, bocahe seneng banget lan matur nuwun jarene."

Omongane Mas Mukayat kaya kaya kemliweran neng kupinge.

Sakjeke enek borongan tebang tebu neng sawahe morotuwane sing rodok adoh panggone karo desane,meh seminggu iki pendhak isuk Mas Mukayat ngampiri Kang Sukir nyang omahe.

Embuh pancen ben ana barengane, embuh pancen ana seje sing dikarepne.

Lan Mbak Maimunah mesti nawani wedang kaya Wong ndesa lumprahe.


Ora krasa olehe ngaca wes suwe nganti gak meruhi yen di inguk karo mbok'e.

"Arep potong maneh apa piye to Mun," aruh aruhe Mbok Sarnem.

"Arep tak papaki tok mbok, ketoke kok rambutku sing ngarep iki wis kedawan," semaure Mbak Maimunah.

"Lha mbok sesuk isuk kana mara nyang gone Jumilah," tuturane simbok'e.

"Wegah mbok, aku ora betah karo juwehe, trima ngethok ngarep thok, tanganku aku isa dewe," semaure Mbak Maimunah karo ngetrap rambute.

Biasane yen anake wes aba wegah, Mbok Sarnem ora bisa meksa karepe.

Wes apa sing dadi kekarepane biasane ya iku sing bakal ditindakne.


Gunting sing wis cemepak dicekel neng tangane tengen.

Rambut sing ngarep dijungkasi nutupi raine.

Karepe arep dipotong model poni supaya bisa nutupi bathuk kaya gambar sing tau disawang neng salone Jumilah.

Atine wes mantep arep ngethok rambute dhewe.

Eling Jumilah nalika ngethok rambut mesti ditelesi sak durunge. Ora kurang akal, banyu sak gelas karo Mbak Maimunah diciprat cipratne nganti thili thili rambute.

Kressss....kressss....kressss tanpa ngukur sepira pantes kan pase, gunting sing landhep saknalika mrungges rambute.

"Lhoooh....kok ngene dadine? Kok kecendheken, kok malih ngancut kaya ngene?"

Karo bingung semu getun Mbak Maimunah mbengok nyeluk Simbok'e.

Mboooook.....mboooook.....mbok'eeeeee


Ana candhake

Lisse 09/01/2022

Menawi kersa maos seratan-seratan lintune, mangga dipun tiliki dhateng FB Sita Aulliya Utawi 👇👇👇https://sita-aulliya.blogspot.com/

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5