Perawan Tuwek#7
~Perawan Tuwek~
#7
Rong sasi sakwise lamarane Wahono, riyayane teka.
Adhate yen riyaya wong wong sing lunga adoh paran, pada balik menyang ndesane. Sakperlu nyambangi uga njaluk sepura marang wong tuwa lan sedulur.
Hawane regeng, bocah cilik cilik padha nganggo sandhangan anyar. Semana uga Sugiyoto sak anak bojone, uga Maryatun sak anak bojone sing saksuwene iki manggon neng Surabaya. Kabeh mulih nglumpuk nyang Kediri. Omah gedhong sing gedhe lan jembar latare kui saknalika dadi saya rame ketekan anak, mantu sak putune.
Srengenge isuk kui durung nganti krasa panase, isih anget lan penak digawe dhedhe. Saka teras ketok Wahono mudhun teka becake Kliwon.
"Kulanuwun, ngaturaken sadaya kalepatan Pak, Mbok, Gang," kandane Wahono karo nyalami siji siji sakkabehe wong sing lagek jagongan neng latar.
"Kok dewean Le, ora bareng Nduk Hartatik?" Pitakone Mbok Sarnem.
"Kula mampir mriki rumiyin Mbok, mbenjing mawon bablas teng Nganjuk," semaure Wahono.
"Mengko nginep kene ta Le?" Pitakone Mbok Sarnem maneh.
"Inggih Mbok, kersane penak ugi celak leh nyegat bis," jawabe Wahono.
Wes dadi lumprahe wong ndesa yen dhayoh lunga teka. Apa maneh Mbah Dariman karo Mbok Sarnem kulina nyangoni cah cilik cilik.
Gethok tular dhayohe lawas nyingkrih teka sing anyar.
Bengine neng pawon, Mbak Maimunah wes eker ngengeti jangan. Isuh isuh piring gelas lan sak renane sing bar digawe mangan wong sak omah. Yu Maryatun sak anak bojone lunga ndayoh nyang omahe kancane.
Bogang lan Sundari gesah nyang omah mburi.
"Dik, aku pingin omong rodok penting karo sampean," suarane Wahono sing ujug ujug wis ana pawon.
"Arep ana perlu apa Mas?" Semaure Mbak Maimunah.
"Dik, sampean krungu dhewe ya yen ibuku ora patek setuju karo pilihanku," Wahono ngawiti omongan.
"Lha sing arep rabi sampean apa ibumu?" Rodok atos suarane Mbak Maimunah.
"Ngene lho Dik karepku, upama sampean isih durung duwe gandengan, aku pingin yen awake dewe...."
"Ahh...ora Mas, senajan aku isih legan. Ora bakal aku nrima tresna teka wong sing wis nibakne lamaran." Suarane Mbak Maimunah medhot suarane Wahono sing durung rampung diomongne.
"Tapi ibuku sajake luweh cocok karo sampean Dik," imbuhe Wahono karo lungguh neng kursi cedhek lawang mburi.
"Mas, wong mung merga bakal bojomu lali ora ndingkluk anggone suguh, ibumu suwarane wis ora karuan. Trus nandingne aku karo Hartatik sing genah bar dilamar. Temu pirang perkara? Trus aku iki apamu? Adik Ora, tipet pacar ya ora. Kok cepetmen ganti pilian. Apa lamaran dianggep dolanan? Upama tawaran sampean tak trima, mendah kaya apa suarane tangga?" Mbak Maimunah mulai nyecret newu suarane kaya bethet sewu.
"Karepku ngene lho Dik...,"
"Ora..sepisan Ora ya ora. Apa aku iki mung mbok anggep tambel butuh. Mbok lelesi nalika atimu pakewuh? Dadi wong lanang sing teges Mas.Yen atimu wes mantep, tekatmu kudu mancep. Yen pancen tresna, ya diterusna." Pituture Mbak Maimunah saya mbabrah.
"Tapi ibuku ora seneng Dik," suarane Wahono alon setengah ngempet.
"Sing arep rabi sampean dewe mas, duduk ibumu. Dimantepne pikirane, sesuk diparani gek ndang dijak dolan nyang Malang," genah tur cetha suarane Mbak Maimunah.
"Apa merga sampean wes cedhek karo Mukayat?" Isih durung trima Wahono ngeyel pingin meksa.
"Mas, aku karo Mas Mukayat mung saderma kekancan. Dheweke ora tau muni seneng karo aku. Anane rena rene merga butuh karo Kang Sukir, ora butuh karo aku." Suarane Mbak Maimunah saya atos dirungokne kuping.
"Wis ora usah aran aran, aku duduk wong sing pener kanggo sampean. Timbang getun mburi ngeboti barang sing durung mesthi." Imbuhe maneh.
Setengah getun lan isin, bengi kui Wahono njaluk ngapuro. Lan atine saya mantep karo pilihane tanpa mikir suwarane ibune, sakwise krungu pituturane Mbak Maimunah.
Hartatik!!!
Sawetara neng warunge Sujan saya bengi mundak rame. Apa maneh nepaki riyaya. Suarane radio tape diputer rada banter saka biasane. Tembang patah hati saka rahmat Kartolo sajak gawe semriwing atine sapa wae sing ngrungkokne.
"Ohhh Dik Maimunah..aja susah, bariki tak rabi terus takjak lunga kaji," celuluke Surip thrithil teka pojokan kaya biasane, nggethu mangan tahu.
"Woalaaah Rip,..kok tangeh lamun, apa edan nguntal semir yen Maimunah gelem karo kowe," suarane Mas Darianto sing uga mulih saka kutha.
"Waaah...bar riyaya Mbah Kaji sidane mantu tenan Kang," suarane Sujan karo ngelungne wedang.
"Yaa.. Mbah Kaji pikirane dawa, timbang Mukayat metu teka omah luwung dikongkon ngedhuni ipene. Ndelalahe bocahe manut anteng tur ayu," jawabe Pakdhe Samsul sing kulina jamaah nyang langgare Mbah Kaji.
"Mukayat sajake pilih ngarang wulu, timbang metu becik melu," Lek Dasirun teka njaba warung semaur karo ngebut ngebutne kopyahe sajak krasa sumuk awake.
"Wis ora usah padha gemberah, bendino kok ngomongne Maemunah. Mengko yen wes wayahe bakal ketemu jodhone dewe," Pakdhe Wiji nengahi amarga nduwe rasa ngesakne karo tanggane sing biasa dijaluki janganan karo bojone.
"Ndelalah neng pabrik'e pak'e cah cah bar riyaya ana lowongan Mun, yen kowe gelem mbok njajal daptar. Karo golek pengalaman, ben ora mluthek wae neng pawonan karo kebonan," Yu Maryatun nawari adhike kerja neng pabrik sepatu. Panggonane bojone nyambut gawe dadi satpam neng kana.
"Engko manggone bareng karo awake dewe, budhal mulih isa barengan karo Mas Jarot,"Yu Maryatun nggenahne nyang sedulur lan wong tuwane.
"Yen pancen atimu karep, budhalo Nduk. Simbok ora nggandholi. Bocah bocah yo wes gedhi gedhi. Wes isa ewang ewang adang karo resik resik omah," suarane Mbok Sarnem.
"Lungao Nduk, ben dawa jangkahmu kaya mbakyumu,"Mbah Dariman alus anggone ngerih ngerih atine anake wedok sing sajak gela krungu Mas Mukayat arep ngudhuni ipene.
Bengi kuwi kabeh dirembug mateng, dipikir kanthi anteng bareng bareng.
Sidane isuk umun umun, seminggu sakbare riyaya Yu Maryatun sakeluwarga balik menyang Surabaya.
"Mbok, Pak aku pamit," membik membik Mbak Maemunah ngrangkul wong tuwane.
"Kana age mapano neng jogan tengah lawang Nduk, tak gemboki ben slamet sakadohe paran," suarane Mbok Sarnem marang anake.
Saknalika Mbak Maimunah mapan kanthi turu mujur neng jogan tengahe lawang. Karo mbatin maca patekah Mbok Sarnem nglangkahi anake pitung ubengan.
Adhate wong jawa jarene yen dungakne Simbok sarana gembok bakal gawe slamet lan beja sak panggon pangon isa nemplok.
"Aku budhal Mbok.. Pak," Ora kuat ngempet tangise Mbak Maemunah pamitan karo nyangking tas wadahe sandhangan terus nyengklak numpak dhokare Makdhe Kardi karo dhokare Makdhe Surip sing wis ngenteni.
Ora krasa wes meh limang taun mlaku.
Wahono nekat nerusne rabi karo Hartatik, pilihan atine senajan ora disetujoni ibune.
Mas Mukayat sing dhasare pancen santri manut apa jare wong tuane, ikhlas ati ngarang wulu ngudhuni ipene.
Lan wong ndesa neng warunge Sujan wis ora nggunem Mbak Maemunah maneh ing sakbendinane.
Dina iki latare Mbah Dariman ketok rame. Terop lan kursi kursi ditata neng ngisore.
Sajake apa arep nduwe gawe?
Santosa lan Krismanto arep sunat dibarengne.
Dibelehne sapi lan ditanggapne jaranan.pancen dhasare Wong kecukupan uga putu pisanan. Wong wong sing rewang, tangga teparo lan bocah cilik cilik pada seneng atine.
Sedulure Kang Sukir uga padha nglumpuk teka. Sugiyoto, anak bojo sakmaratuwane uga teka. Yu Maryatun sak anak bojone nglumpuk pas wayah dong'e.
Teka wetan ketok montor roda papat setir bunder rupane abang gilap mandeg neng pinggir dalan ngarep omahe Mbah Dariman.
Wong wedok ayu rambute kritingan, nyangklong tas sandalan jinjit karo kocomotoan ketok mudhun ora ijenan.
"Horeeee.... horeeee... bulik Mun teka," suarane Danar karo Denok mlayoni bulike.
"Om Joni....Om Joni... horeeee," suarane sajak bungah kae.
"Dik Nita karo Dita neng endi bulik?" Pitakone cah cilik kembar anake kakange sing pancen kendel lan akeh polahe.
"Sik bubuk, lha kae ben digugah papahe," suarane Mbak Maimunah sabar banget karo mbukak lawang montore.
Ketok bocah cilik loro ploletan tangi turu neng kursi mburi, lemu lemu sipit mripate lan putih putih kulite antara rong taunan umure.
"Walaaah.... putuku teka," Mbok Sarnem sakkal nyandak bocah cilik sing isih ngantuk thekle thekle.
Sing siji digendhong dewe karo Mbak Maimunah.
Sawetara om Joni, wong lanang peranakan Cino bojone Mbak Maemunah ngusungi gawane diewangi karo Sugiyoto ipene.
Saksuwene nyambut gawe neng pabrik sepatu, Mbak Maemunah sing dhasare sregep tur lugu kenalan karo Koh Joni sing nduwe usaha bengkel roda papat sak toko piranti mesine pisan. Kenal durung suwe banjur ditembung langsung dirabi. Bebrayan ayem tentrem sarwo kecukupan.
Nyatane jodho pancen ora ana sing ngerti kapan tekane lan saka endi asale.
Arepa dioyak yen duduk jodhone, ora bakal pethuk.
Arepa ditolak yen pancen jodhone, bakale panggah gathuk.
#sedaya seratan "Perawan Tuwek"menika namung saking dayareka kula blaka.Menawi wonten nami, panggenan ugi kedadean cerita ingkang sami, estunipun menika namung kaleresan. Ugi nyuwun pangapura dumateng sederek BJK sadaya menawi wonten kirangipun tata anggenipun nyerat. Matur nuwun🙏🙏🙏
Nuwun
Lisse
11/01/2022
critane sae mbak...
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapus