Sesajen
~Sesajen~
Wujute sukur marang kang maha
Dudu barang asor tanpa guna
Kanthi cara paring sesajen
Ing papan papan pepunden
Wujute paring duga kinurmatan
Saka sakabehe beja keslametan
Sumingkire balak pageblug lan lelaran
Ngrembuyunge subure lemah bumi tetanduran
Nyai among kaki among
Ingkang nyengkuyung lan mbaureksa
Dhuwure mega jembare segara
Gedhene gunung jerune kedhung
Sesajen pinangka sawijining cara
Tumprap luhur kapitayane menungsa
Sesajen pinangka nyambung wicara
Saka purbaning suci mulyaning budaya
Aja tumindak sedheng sembrana
Yen gemendhul kepis cekaking ilmu
Aja ngumbar napsu kang ala
Ing sakdawaning lakon lan lak
u
Nuwun
Lisse
10/01/2022
Komentar
Posting Komentar