Dhukun Tiban 1

Dhukun Tiban Udane ngrecih ndadekake atine Darso saya sedih. Wiwit Magrib nganti Subuh bebasan wong mangan ora ana warege. Imbah-imbuh, mandheg sedhilut banjur teka maneh. Hawane jan ngepenakne wong turu, apa maneh kanggone sing manten anyar. Bisa memetne klasa lan njeplukne galar. Nanging seje sing dilakoni Darso, turune malah singkuran karo bojone. Mripate kethap-kethip nyawang tembok kamare sing durung kober dilepa. "Huuuft" ... Darso ngunja ambegan dawa, pikirane bingung ngelingi akehe butuh sing durung oleh petung. "Dhuwit listrik wis ditakokne karo lik Sarmi." "Tangga-tangga wis padha maleman, aku isin yen mung nampani rantangan." "Ngadhepne pasa lan riyaya, saline bocah-bocah, suguh, daringane kothong." Lan sakrenane sambatane Marsiti kaya-kaya isih mbengung ana kupinge. Ndadekne wengi kuwi ora bisa jenak turune. "Dhuuuh ... Gusti, mugi dipun paringi rejeki." Batine Darso tanpa krasa dibarengi nggrantese ati. "De...