Abot


 Abot 


Kapisah dening purbaning pesthi

Kuwi abot,...abot banget anggone nglakoni

Tan bisa kuwawa nggandholi

Tan bisa kuwasa ngendhani 


Mung bisa nampa

Senajan ampeg ing jero dhadha

Amerga nata panariman kuwi ora gampang

Mung bebasan bayi nangis nemu selendhang 


Ora,... ora mengkono 

Perih larane nyangga kelangan katresnan

Abot tenan!!!


Amstelveen 

18-07-2023

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tlasah

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna