Aja Kesusu
Aja Kesusu
Aja ... aja kesusu
Apa wae aja grusa-grusu
Kudu dipikir sing jeru
Supaya penak mlebu lan metu
Aja padha gawe congkrah ninggal tatu
Mulane sakabehe aja sarwa kesusu
Aja ... aja kesusu
Yen durung genah aja digugu
Saiki akeh warta sing palsu
Yen digagas tiwas mung gawe satru
Direwangi ati ngengkleng nganti padu
Jebule amung jenggonge asu
Kowe kabeh takandhani
Aja seneng dolanan panase geni
Apa maneh yen wanci mangsa ketiga
Keslomot sithik ngentekne wana
Kowe kabeh takandhani
Saiki akeh sing padha golek rai
Apa maneh yen wanci mangsa rebutan
Maneka cara dicoba tanpa peritungan
Sing baku bisa unggul manggon ndhuwur
Ora perduli ngideg kanca nganti ajur
Wong kesusu pungkasane dadi ngawur
Nggendhong napsu laku sedheng lali jujur
Iki dudu alok-alok utawa pasemonan
Marang kahanan sing ana ing pamrentahan
Nanging kanggo pepeling marang sapa wae
Supaya ora gampang gupuh karepe dhewe
Eling ... eling lan waspada
Bandha donya yen mati ora digawa
Aja ngasorake derajat anggonmu dadi menungsa
Yen trima mburu pangkat lan kuwasa
Geschreven door Sita Aulliya
Amstelveen, Nederland
16-10-2023

Komentar
Posting Komentar