Dudu Kemladhih
Dudu Kemladhih
Tutug tutugno anggonmu ngumbar suwara
Kaya-kaya mung aku sing dadi punjere perkara
Wis bola-bali, ping pira nganti wis lali
Ora malah suda nanging saya manas ati
Aku dudu kemladhih sing manggon ana wit-witan
Bisane mung nemplok lan ngrusak tatanan
Tresna sing njalari nganti dadi cerita iki
Senajan kahanane ora nepaki
Kangmas wis tutug wae lakone
Tak terusne kok tiwas abot sanggane
Becik ceritaku tak ukir ijenan dhewe
Tanpa kowe sing isih ana sisihane
Kangmas tak tutup lawange mburi
Aja sambang aku wis ora ngenteni
Latar jembar nggo mepe parine garing
Cerita bubar ora bakal tak eling-eling
Aja pamer perih
Perihku wis luwih-luwih
Aja pamer lara
Laraku wis tanpa upama
Lisse
01-10-2023
Komentar
Posting Komentar