Ibu
Ibu
Tansah kelingan wutuh ing jero angenku
Kaya-kaya teka saben mapan turu
Anget rinengkuh paring rasa ing ragaku
Dhuuuh Ibu, luh tumetes jerune kangenku
Abot tenan ngugemi rasa kelangan
Nalikane ndika ngadhep ing pengeran
Kabar lelayu, tak tampa tanpa kinundang
Mandheg getih remuk balung kang kinandang
Ibu....ibu, ndika bebasan suwarga ngalih
Menyang ngendi maneh, yen kula pingin kepanggih
Ibu ... ibu, welas ndika bebasane segara
Tanpa nate asat senajan dawane mangsa ketiga
Kembeng iluh banyune mata
Rasa kangen ampeg ing jero dhadha
Saiki amung rinonce ing dunga
Muga ketampi dene kang maha kuwasa
Komentar
Posting Komentar