Kayuyung Wuyung


 Kayuyung Wuyung


Rina wengi ora bisa turu

Tansah kelingan aku marang sliramu 

Dhuh wong manis pepujaning atiku

Nyandhing sliramu tansah dadi impenku 


Dina-dina bebasan nyuleg ing mata

Gedhene rasa abot banget sing taksangga

Kayuyung-yuyung marang ayune kenya

Kula omyang apa ndika ora krasa


Nguyahi segara menawa dadi bebasan

Takrewangi rekasa amerga ati kedanan

Kethek nggayuh mbulan bisa dadi paribasan 

Umpama nyandhing tresna bisa kesembadan


Dhuh tresnaku ... tulung paring kawigaten 

Puh pinuh pamujiku kaya udan tanpa leren 

Dhuh tresnaku ... tulung aja nganti kesuwen

Mangsa rendheng hawane adhem yen isih ijen


Bawon ditapeni gabahe enggal ditutu

Kelakon takduweni bungahe kaya ketiban ndaru

Gedhe dawa ulane sajake wedi dipenthung

Kaya ngene rasane wong kang lagi nandang wuyung


Geschreven door Sita Aulliya 


Lisse

11-08-2023

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna