Kebandhang


 Kebandhang 


Anane mung kaya ngene

Ora ana sing takpamerke

Bandha donya ora duwe

Nyata cetha aku mung balungan kere 


Wis ora usah ditondhekne

Mbok itung becik lan alane

Senajan diunggah udhunake

Yen isih kurang, becik lunga golek liyane 


Aku dudu wayang

Sing dijejer-jejer dene dhalang

Senajan mung nuruti lakon

Nanging asmara wegah keloron


Tresnaku kebandhang

Endahe cerita kaya wis ilang 

Ora bakal takgandholi

Aku wegah meksa ati


Siji pawelingku, 

Simpenen ing jero dhadha 

Yen mung nyawang raga

Menungsa ora ana sing sampurna


Mengko liya dina

Yen atimu digawe kuciwa

Paribasan wong ngundhuh karma

Nandur ala thukule lara


Wis dadi pesthine

Napsu ora ana watesane

Yen diumbar diterus-terusne

Nganti mati, ora ana pungkasane


Amstelveen 

17-10-2023

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Terompah Kyai Ngabdulah

Randha Bingung #8

Sukarni #5