Randhane Bupati


 Randhane Bupati


Isuk-isuk lungguh jigang ngedhep kopi

Ora keri suguhane koran karo roti

Ora bingung golek mboke menir sing ditapeni 

Amerga sendhenane gabah uga lumbung pari


Dhasare wong ayu 

Arepa tuwa isih katon ayu

Apa maneh yen mesem ngguyu

Pipine dhekik senajan awake lemu


Beja-bejane awak

Urip mapan sarwo kepenak 

Wiwit nom senengane macak

Mangkane kaya babon reden bolak-balik manak


Mlakune luwes sripat-sripit

Jarike gandhes wironan mlipit 

Sandhale kulit mburine jinjit 

Bangkekane nawon kemit bokonge nyedhit


Arane randha, nanging randha beja 

Ora ketunggon nanging sugih bandha

Raja kaya lan mas picis raja brana

Tegal sawah sapirang-pirang tur amba


Randha teles dhenok dheblong 

Omahe gebyok magrong-magrong

Yen adang lemes ngliwet uga gosong

Ora genah alu buntu semprong bolong


Bebasan sendhenan kayu jati 

Dhedhege tansah merak ati

Gandane wangi arum melati 

Nganti karan randhane Bupati 


Amstelveen 

02-08-2023

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Abot

Sukarni #5

Gayuk-Gayuk Tuna