Tresna Palsu
Jebul abot rasane kaya mengkene
nyangga jerune tresna marang slirane
Kula sudra namung dimare senthir
Mobat mabit keterak gedhene silir
Timbang pedhot dalan luwih becik enggal minggir
Amung dhengkul dadi bandha kang pinunggul
Wira-wiri ngekep rasa supaya ora ucul
Udan deres bledhege samber-samberan
Kula kisinan tresna keplok amung sesisih tangan
Taoyak-oyak ... saya ngadoh wegah nyedhak
Talirak-lirik ... saya gila tambah suthik
Apa pancen wis garise, nandang branta nanging ora digape
Apa pancen wis nasibe, senajan lara kudu tasangga dhewe
Mbulan sawangen tangisku
Wengi iki setya ngancani perihku
Lintang padhangana atiku
Kesrimpet petenge tresna palsu
Komentar
Posting Komentar