Tulung Aja Gela
Tulung Aja Gela
Yen pancen dudu jodhone
Terus arep dikapakne?
Dioyak-oyak digosok-gosok
Ora penak malah padha panas kemropok
Aku sing ngelakoni
Nyambung rasa nyambung ati
Dina-dina wulan nganti taun
Rasane kaya dalan munggah mudhun
Apa aku iki salah
Yen nyatane awake dhewe pilih pisah
Cerita sing wingi sing sarwo indah
Ditutup wae tinimbang dadi masalah
Tulung...tulung aku njaluk tulung
Tulung cukupna anggonmu gawe cerita
Kaya-kaya aku wong lanang paling nistha
Seneng gawe dolanan atine wanita
Tulung... tulung aku njaluk tulung
Aja gela yen pancen dudu jodhone
Aja nyalahne tanpa ngerti kasunyatane
Saben dina kaya ra ana pungkasane
Dunga-dinunga nyuwun marang kang kuwasa
Muga bebrayan langgeng nganti tekan pupute yuswa
Komentar
Posting Komentar