SUKARNI #4

~Sukarni~ #4 Ana terminal sing ramene ora karuwan, Sukarni mindhak-mindhik karo nyangklong bas bethot saka kayu dibendheng karet ban. Atine mangga-mana, antara wani, isin, wedi dadi siji. Sawetara mas Prayit Gembuk lan kanca liyane wis nyebar dhewe-dhewe. Klambi wedok sing digawe rasane seje. Jarik diubetne sakmathuke, kebayak kutu baru ditalekne pucuke, gelung pasangan sing ditumpangne sirahe. Durung sandal bakiak kayu karetan sing kaya dipaksakne ing sikile. Ahhh....mbuh kaya apa rupane. Sing penting nyambut gawe. Isih thenger-thenger mikir lelakone, saka sisih pojokan 'WC umum' krungu suwara lan wong mlayu grudugan. Copet...copet...copet,.... Saklebatan Sukarni nyawang mas Prayit Gembuk melu mlayu keponthalan. Sarehne playune wong-wong iku mara nyang panggonan dheweke ngadeg, tanpa diyaba dheweke melu mlayu sipat kuping. Dheg-dhegan ora karuwan campur keweden digodhag wong ngoyak copet terminalan. Nganti ora weruh yen ana kalenan. Jarik sing mbebet awake, ndadekne jangka...