Postingan

, Bart-Henk

Gambar
 " Bart & Henk" Ouderkerk dipagi itu, Seperti biasa kumulai Rabu pagiku dengan perjalanan seperti minggu minggu yang telah lalu.Tak terasa telah dua tahun kususuri jalan kecil diseberang pemakaman yahudi kemudian menyeberangi jembatan dengan sungai kecil diatasnya yang disebelahnya terdapat sebuah toko roti yang selalu ramai, juga gereja tua disudut pertigaan yang bersebelahan dengan bejaardenhuis ( panti jompo). Sementara diseberang jalan terdapat sungai dengan perahu perahu pribadi yang ditambatkan oleh pemiliknya.Tak ketinggalan deretan bangku bangku kayu untuk sekedar melepas lelah para pejalan atau pesepeda sambil menikmati indahnya pemandangan. Seperti halnya aku yang seringkali sepulang kerja sejenak berhenti dan duduk ditepi sungai sambil memberi makan angsa angsa liar dengan roti yang sengaja kubawa dari rumah. Tetapi tidak dengan siangku hari ini. Sejak pagi cuaca sudah sangat buruk. Hagel ( hujan es) disertai angin membuat dedaunan basah berterbangan disamping ...

Randha Bingung

Gambar
 ~Randha Bingung~ Dagangan sing diiderne isih durung entek, nanging mangsa rendheng sajake ndadekne dina luwih cepet peteng. Senajan isih jam papat sore, nanging langite peteng kaya kaya wis arep ceblok maneh udane. Ndadekne kahanan desa cilik ing ereng erenge gunung Kelud iku katon mampring. Uripe warga neng desa sing adoh saka kutha kuwi guyup uga padha kenal antara siji lan sijine. Yen ana kerepotan apa wae, tanpa diaba kabeh padha teka urun tenaga apa wae sakisane. Kayadene nalika kedadeyan limang sasi kepungkur. Giman bojone Sumini ditemokne kancane sing padha dadi blandhong lan tukang gawe gedheg semaput neng ngisor barongan merga dicokot ula. Embuh ula apa sing nyokot, nyatane ora nganti telung ndina Giman dikabarne mati. Ninggal bojo lan anak bayi sing isih rong taunan umure.  Akeh sing padha welas yen nyawang Sumini lan anake. Ditinggal mati bojone tanpa ana banda sing mbejaji kejaba omah sakencepan neng ndhuwur lemah bageyane teka wong tuwane Sumini. Karangan sing am...

Kalap #3

Gambar
 ~Kalap~ #3 Isih kaya kamidlongopen anggone Supatmo nyawang praupane uga gandane Sariti sing ayu tur wangi. Wis lumprah kanggone wong lanang normal yen nduweni pikiran sing rodok kurang ajar. Tapi age age disingkirne amerga bocah wedok kuwi ketok ndingkluk mesem semu isin. "Le, yen kowe gelem ewang ewang neng omah kene, aja samar yen ora tak bayar," suarane Mak Sukanti ngepasi liwat karo ngusungi piring sing bardigawe ingon wong kondangan. "Sawah, tegalan, raja brana sapirang pirang. Yen kowe gelem ngewangi aku, opahmu luweh akeh timbang olehmu bakulan krupuk. Yen gelem malah takpek mantu pisan Le." Pak Brengos teka mburi muni karo ndemek pundhake Supatmo. "Ahhh...mpun guyon to Pak, kula namung lare dusun yogane tiyang mboten gadhah pindah," jawabe Supatmo antarane kaget karo bingung. "Tenan Le, yen kowe gelem sesuk langsung takijabne," jawabe Pak Brengos sajak tenanan. "Sakestu napa goyon to niki Mak?" Pitakone Supatmo nyang Mak Sukant...

Aja njiwit

Gambar
 ~Aja Njiwit~ Ana walang sangit Manuk sriti mabur menclok ing cemara Aja gampang njiwit Yen sira ngerti bisa kojur ninggal lelara Ana gedhang kepok Mecah pelem sisane pelok Aja gampang alok Salah gunem bisa malah nemplok Pancen bener,  Manungsa panggonan napsu Nanging aja nganti luwih asor saka kewan Adohana nesu grusa grusu Aja nganti padha gelutan lan cecakaran Emanen uripmu, aja gawe tatuning liyan Kabeh tumindakmu, bakal ana piwalesan Yen rumangsa bener, aja seneng gawe wirang Yen rumangsa pinter, aja arep nunjang palang Cuba kae sawangen tetanduran Ora sambatan adhem senajan kesiram udan Ora kelah marang srengenge senajan kepanasan Coba digagas lan digawe tuladhan Pancene angel tenan Manggon ngalah malah kagejoh kepidak Wong sareh bakal tinemu kabecikan Yen ana paribasan Gagak karo tunggak menang tunggak Wong sabar ngundhuh kamulyan Lisse 27/01/2022

Kemben

Gambar
 ~Kemben~ Upama kala kala aku kembenan, Ora arep pamer aluse raga Uga paras rupa pasuryan Nanging nguri nguri endahing budaya Kang luhur kebak tuntunan Upama kala kala aku kembenan, Aja gunem utawa cemuwit Mung arep pamer aluse kulit Uga aja mbebar mbeber pitutur Nyangking ngindhit wejangan dhuwur Nanging yen aku kembenan, Aja nganti gawe luput ing paningal Aja nganti bebasan ngosek gaman ing ndhuwur wungkal Ora seja ngobong blarak ing geni kang mubal Ora seja arep ngileni polah jenthare pinjal Nanging yen aku kembenan, Wis aja candhak cemawe Muna muni sapenake dhewe Nyandhak swarga neraka sapanunggalane Yen ora sarujuk, becik menenga wae Amerga aku kembenan, Kanggo ngukir rasa tresna adi busana liwat geguritanku Papan panggonan ngugemi leluhur kang satuhu Mugiya ora ninggal congkrah sakmungkurku Amerga ora bisa nampa uga seje ing panemu Rahayu..Rahayu...Rahayu Nuwun 🙏🙏🙏 Amstelveen 27/01/2022.

Randha Bingung

Gambar
 ~Randha Bingung~ Kangmas, Yen isih pantes aku pingin cerita Seguk lan iluh kang mrembeng ana ing mata Nglakoni urip ijen dhewekan Tanpa cagak lan sikil kang bisa takgawe sesendhenan Kangmas, Ati iki nandang ngelayung deleg bingung Mlaku sakmlaku tansah kedlarung Mingket sakmingket kaya kesrimpet Obah sakobah kaya mung ninggal dredhah Kangmas, Sakpungkurmu saka sisihanku Saklungamu oncat tega ninggalake aku Ora bakal aku nglesot, ngridha lumahing asta Ora bakal aku mundhuk, ngasorake bathuk laku nistha Senajan mbulat ulat kaya mawa Kangmas, Upama wae bisa blaka tinemu suta Sejatine pancen abot nyandhang tanpa garwa Nanging, apa pancen wis kalebu ila ila Yen randha bisa dadi punjere prahara Yen randha bisa dadi sumbere perkara Nanging ora...ora tenan!!! Senajan garing mekingking genthong daringanku Ora bakal nyincing jarik lan kembenku Senajan nela aking tegal tetanduranku Ora bakal nunjang palang ngrusak pager ayu Duuuh....Gusti Mugi paring ati kang sabar Mugi paring dhadha kan...

Kalap #2

Gambar
 ~Kalap~ #2 Ngetutne lakune wong wedok sing nukoni dagangane, atine Supatmo krasa mongkog. Piya piye yen krupuke ora nganti entek, bayarane deweke uga ora akeh. Kerja melu Cina pancen ya rekasa. Nanging arep kepiye maneh, urip neng desane malah ora ana penggawean sakliyane ngaritne wedhuse wongtuwane, karo buruh buruh neng sawah yen pas ana panenan utawa wiwitan. Buruh tebang tebu, ndaut nganti tandhur uga nggaru mluku kabeh dilakoni. Sing asile digawe mangan wae kudu nyukup nyukupne. "Ya kene iki omahku Le," suarane wong wedok sing mlakune cepet banget ngageti Supatmo sing lagi nglamunke uripe. "Ohhh.... inggih Mak, kok kathah tiyang dhateng ngajeng," pitakone Supatmo rodok nggumun. "Iya Le, iki wong kondangan. Kowe bablas nyang mburi wae, itungen kabeh pira sing kudu takbayar." Suarane wong wedok sing umure antarane seketan. "Medal lawang pawon mriki, Mak?" Pitakone Supatmo karo nyelehne pikulane. "Mlebowa pawon Le, neng kana ana wong nat...