Postingan

Dhampar #2

Gambar
 *Dhampar* #2 Omah omah sing lagi sakumur jagung kayane wis mobat mabit kudu ambruk keterak bantere angin. Ora merga Mohtar sing ngeliya, utawa Pratiwi sing ora kuwat godha. Nanging suwarane tangga sing suwe suwe nggatelne kupinge Robiyah. "Nduk, apa ya tumon yen wong bendina saba sekolahan nanging ora dadi guru. Apa ya tumon wong bendina ngulang nanging ora diceluk guru, malah ana sing ngarani Pak Dhampar," kaya ngono kuwi sambatane Robiyah marang Pratiwi nalika tilik menyang omahe. "Kersane mawon Mak, tiyang tiyang sagete namung alok, wong ora tombok," jawabe Pratiwi karo ngelus wetenge sing wis ketok njendhil mbobot patang wulan. "Aku ora betah yen neng warung angger bojomu lewat, terus padha ting klesik muna muni guru dhampar, bakul obrokan, bakul donga. Arep taksauri nanging ya pancen ngono nyatane. Kok bejamen uripmu to nduk," imbuhe Robiyah isih ngalualah. "Sing nglakoni kula kaliyan Mas Mohtar to Mak, menawi kula sampun seneng ugi ayem kaliy...

Mbah Bunder

Gambar
 *Mbah Bunder* Jeneng asline Sukoco, nanging biyasa diceluk Mbah Bunder. Apa merga potongan sing nyempluk bunder?  Embuh sapa sing ngawiti, nyatane meh kabeh wong desane madani dheweke karo jeneng "Bunder" Uripe mung karo bojone, merga pancen ora nduweni turun. Sing wedok jenenge Mbah Jainah. Wis rodok pikun, senajan awake lemu nanging lara laranen. Penggaweane mung thenguk thenguk ana teras omah karo ngeteni tekane bojone. Sawetara Mbah Bunder pendhak isuk kerja melu Cina ana kutha, dadi rewang sing dipercaya karo juragane ana ing pabrik tahu. Budhale bar subuh, jam sepuluh isuk wis oleh mulih. Merga nduweni open open sing ora bisa ditinggal suwi. Sakliyane jujur, Mbah Bunder uga sabar lan nduweni unggah ungguh. Mangkane ana ngendi wae mesthi disenengi wong akeh. Isih jam sanga isuk, srengengene dhurung pati panas hawane. Mbah Jainah kaya biyasane, lungguh ana teras omahe ora ana kancane. "Mbah, kok dhewekan....Lha Mas Bunder nyang endi?" Pitakone Marini sing biy...

Randha Bingung #8

Gambar
 *Randha Bingung* #8 Bu carik katon wis dandan mlipit. Jarik wiron, kebaya kutu baru ora keri selendhange. Tambah gandhes karo sanggul lan sandhal jinjite. Dina iki ana rapat gedhen ing kecamatan. Lurah lan carik sarimbitan arep lunga nekani undhangan. "Bas, kae becakku wis teka. Aku takbudhal sik ya," kandane Bu Carik marang adhine. "Yen butuh apa apa ngongkon Gendhon wae, dibengoki sing banter. Soale kupinge rodok budheg." Tambahe karo sripat sripit mbenakne jarike. "Mas Guntur ora bareng ta Mbak?" Pitakone Baskoro saka ndhuwur kursi rodhane. "Masmu mengko nyusul, bareng karo Pak Lurah," semaure Bu Carik sing wis lungguh ana becak. Latar jembar sing kebak kembang katon seger ijo ditambahi suwara ocehe manuk. Ana ing mbale omah gedhe, Baskoro lungguh ana kursi rodhane. Mripate ora owal nyawangi sikile sing di gips merga tiba kepleset ana jedhing omahe. Pancen balung wis ora enom maneh, ndadekne dengkule mesle lan kudu dioprasi supaya bisa bali...

Kisah koki dan rendang

Gambar
 *Kisah Koki Dan Rendang* Seorang kepala koki senior yang sudah termashur namanya karena kelezatan masakannya, berencana membuat rendang dan membagikan kepada seluruh anak buahnya, sebelum dia pensiun dari dapurnya. Setelah dia merenung dalam waktu yang cukup lama, maka dia mengumpulkan seluruh bahan yang sekiranya dibutuhkan. Dia ingin hasil olahannya benar benar sedap, bisa diterima dan sesuai selera yang menyantapnya. Untuk menghindari kesalahan atau ketinggalan bahan dasar, diapun membuat sebuah catatan yang dibawanya untuk belanja. Sebuah pasar khusus untuk barang barang berkualitas utamapun didatanginya.. Lorong bagian pangan adalah tempat yang menjadi tujuan utamanya. Semua bahan yang akan dibeli, dikumpulkan dan dilihatnya dengan teliti. Setelah semuanya lengkap, sang koki pun pulang dan bersiap untuk memasak. "Eeeh,...hati hati dengan dagingku, aku ini daging pilihan kelas satu lho, jangan sembarangan kau meletakkan," protes si daging ketika ditaruh didalam sebuah...

Randha Bingung #7

Gambar
 Randha Bingung #7 Persis bar Magrib wong wong sing dikongkon teka menyang omahe Pak Lurah wis padha nglumpuk.  Kenthos sing dadi kongkonane Pak Lurah wiwit jam lima wis nyepakne sakrenane panganan suguhan ana ndhuwur meja. Kacang lan gedhang godhog, uwi, gothe, tela rambak, uga opak gadhung ditata kanthi tharik tharik. Meja dawa komplit sakursine sing ana mbale omahe Pak Lurah biyasane digawe rembugan yen ana kerepotan desa.  Uga kerep digawe nglumpukne pamonge yen ana perkara desa sing kudu diomongne. "Mangga...mangga pinarak, Kenthos manggakne Ponisah lan Jumangin sing teka bareng karo Klowor. "Lhooo...kok padha nglumpuk ana kene iki arep diwenehi apa ya?" Pitakone Ponisah sing kaget bareng nyawang ana Sulastri, Darmi, uga Mbah Darip. "Lha rong ndina kepungkur aku diparani Kenthos, jare dina iki bar Magrib dikon nglumpuk ana kene." Semaure Mbah Darip sing teka dikancani karo putune. "Kula ugi Mbah, sakdherenge siyange dipun kengken dhateng bale desa,...

Randha Bingung #6

Gambar
 ~Randha Bingung~ #6 "Kula nuwun....kula nuwun, Pak," Ponisah uluk salam saka njaba omahe Pak Lurah. "Kok sepi, menawa padha lunga Lik," suarane Klowor sing ngeterne uga sing mancal becake  Narto Kencig. "Ora usah ndisiki lakon yen ora weruh dhewe," semaure Ponisah karo mlirik matane. "Lha ora ana sing semaur lho Lik," Klowor isih ngeyel. "Kula nuwun Pak luuuuur," Klowor sing mulai semremet ngrasakne polahe Ponisah mulai celuluk sapenake lambene dhewe. "Heh...jaka begog, sing sopan lambemu," Ponisah rodok gregeten nyablek pundhake Klowor sing setengah cengengesan. "Balik wae Lik, karodene barang ora genah kok mbok laporne Lurah. Mengko yen keleru tiwas wirang dhewe." Klowor ngajak mulih, nanging karo ponisah ora digatekne. "Pinarak, aku sik ngasaran. Ana apa iki Yu? Kok ndengaren ngajak Klowor. Arep rabi apa piye?" Pitakone Pak Lurah sing kondhang cedhek karo wargane. "Ahhhh.. mboten Pak, kula namu...

Polah

Gambar
 ~Polah~ Saka ramene papan kene, Sing ora ana sakglugut dipara pitu jembare Yen dibandhing gedhene alam donya sakisine Taksawang rupa rupa, manungsa lan polahe Seje seje uga dhewe dhewe Embuh apa sing dikarepne Lan arep menyang endi parane Saka ramene papan anggonku nunggu Taksawang ana sing melaku uga melayu Ana sing metu, nanging uga ana sing melebu Ana sing mesem, uga ana sing ngguyu Ana sing meneng, njeginggut maca buku Sing ana sisihku merem, jebule turu Aku dhewe mung mikir, urip lan lakune wektu Ana papan sing isih peteng dikancani sacingkir panase kopi ireng Keluke udud, mawut kesaput bantere angin Takumbar angenku mbarengi ramene batin Ngelingi sing teka lan sing wis lunga Sing bagas waras uga ana sing isih lara Cerita ndonya ginaris kang kuwasa Sawetara ing pucuk wit witan,  Manuk manuk ngoceh sesautan Ana sing mabur dhuwur lunga golek pangan Senajan ora weruh papan, ora duwe tujuwan Ana sing ndekem angkrem neng pasusuhan Manut mubenge lakon tanpa sesambatan Sing b...