Dhampar #2
*Dhampar* #2 Omah omah sing lagi sakumur jagung kayane wis mobat mabit kudu ambruk keterak bantere angin. Ora merga Mohtar sing ngeliya, utawa Pratiwi sing ora kuwat godha. Nanging suwarane tangga sing suwe suwe nggatelne kupinge Robiyah. "Nduk, apa ya tumon yen wong bendina saba sekolahan nanging ora dadi guru. Apa ya tumon wong bendina ngulang nanging ora diceluk guru, malah ana sing ngarani Pak Dhampar," kaya ngono kuwi sambatane Robiyah marang Pratiwi nalika tilik menyang omahe. "Kersane mawon Mak, tiyang tiyang sagete namung alok, wong ora tombok," jawabe Pratiwi karo ngelus wetenge sing wis ketok njendhil mbobot patang wulan. "Aku ora betah yen neng warung angger bojomu lewat, terus padha ting klesik muna muni guru dhampar, bakul obrokan, bakul donga. Arep taksauri nanging ya pancen ngono nyatane. Kok bejamen uripmu to nduk," imbuhe Robiyah isih ngalualah. "Sing nglakoni kula kaliyan Mas Mohtar to Mak, menawi kula sampun seneng ugi ayem kaliy...