Gayuk-Gayuk Tuna

Gayuk-Gayuk Tuna Silir semilir angin kutha Sala Dadi saksi nggonmu mapag aku teka Rikala semana, sakwetane alun-alun kutha Sumringahe guyumu ngembang asmara Semendhe ngalemmu takrangkul ing dhadha Dhemit setan apa sing nggegodha Tanpa barat tanpa angin kowe lunga luru upa golek kamulyan ing manca Tega ninggal katresnan nalika isih ngrembaka Cetha ngajak pisahan tanpa perkara Tikus pithi kejiret neng ngisor meja Mupus ati diremet-remet adhuh lara Tikus gerit kesrimpet mendonge klasa Aku njerit ngempet mondhong rasa nelangsa Gayuk gayuk tuna Takrewangi niba tangi Kowe sing taktresna jebul mung nglarani ati Gayuk-gayuk tuna Takgandholi meksa lunga Pungkase asmara abote dadi wong sudra Amstelveen 07-07-2023 Geschreven door Sita Aulliya